Selasa, 17 Mei 2011

Cerita Rahatan 7 ( Lobang Angin )

Kye cerita jamanne
man kirso,man sukyad,man midi,man kanap,man rasdan esih pada bujang-bujang ( Arane samaran kabeh ),wong lima kye ning kampung terkenal bregajulan kabeh,cuman bregajulane wong kuna karo wong saiki kan beda,yen wong kuna ari guyonan mateng,angger saiki sing mateng mendhemane ( mabok )

jaman kuna sing arane desa bumiayu kwe gung liwang liwung peteng dedhet,listrik durung ana,umah ya durung pating tlEktEk kaya saiki,kulon pasar jero kwe kampung karangturi arane,bisane diarani karangturi kwe jarene makna filosofine karang sing bisa dituturi ( se-atos atose watu karang tapi nesih bisa dituturi/dikandani ) dadi se gebleg geblegE wong karangturi nesih ana harapan bisa sadar.

Kepriben ora bregajulan lah wong pasare perek,koplake perek,mbokan sing arane ning pasar karo ning koplak kwe, setan durung goroh wong ning pasar karo ning koplak wis goroh ndisit,belih umum ning pasar karo ning koplak tah,esuk-esuk nesih uput-uput wayahe imsak wis ana wong tukaran rebutan dagangan,wis ana wong mbebodo wong,gendot sa'pocong kulake 200 perak didol 300 ari ngomong jare durung bathi,kweh lagune wong ning pasar.

jaman kuna,wong-wong luar bumiayu ari pan pada dagang ning pasar kwe mangkate yen ora sore sisan ya uput-uput,sing desane mlaku,angkot esih jarang,paling ana ya dokar.yen wong sirampog,wong kaligua,wong tegal,pokoke wong sing adoh-adoh kwe biasane pada nginep ning nggone sedlur sing ana ning bumiayu,yen sing ora nduwe sedulur ya pating jrengkang ning gledegE pasar.

suatu saat ning pasar bumiayu kwe akeh sing kemalingan dagangan,lah wong bar mlaku kesel ari turu ya saparan paran ora eling dagangan pating gludag,akhire wong-wong dagang laporan ning lurahe,waktu semono lurahe arane KI Semplak ( aran samaran )...kantor kelurahan durung ana,lurahe ngantore ya ning umahe dewek...Dog dog dog dog..pak lurahhh pak luraahhhhh...pak luraaaahhhh...kulonuwun!!!!...maring endi sih yah kye wong srengEngE wis plenthong jare umahe durung buka,lagi mlebu esuk karo bojone apa yah ( Bi Tasilah ngromed )...pak lurraaahhhh!!!!tak dungkar ngko lawange yen ora dibuka buka...dog dog dog dog dog...

Kreeekeeeettt...gubraagggkkk...Priben sih,lagi tak bukakna lawang koh sampeyan malah ndorong ( lurahe montong-montong )...ya kweh engsel lawange dadi rusak,tempuhan meneh....Daning njaluk tempuh rika sing salah sing mau tak gedor-gedor ora njawab-njawab ya tak dobrak kye umah,kye nyong nyong pada lagi kesuh,aja digawe kesuh maning ( bi tasilah mucu-mucu maring lurahe,lurahe nggranyami malah digranyami ndisit )...ana apa donge daning galakan rika ketimbang nyong,nyong mbok lurah,kudune nyong sing galak maring rika,tolih regudugan kaya kye kaya pan kerigan bae,kye lagi langka kerja bakti,ngesuk tah ya ana...sing pan kerja bakti sapa?nyong mene kye pan wadul,daganganne nyong kabeh sering pada ilang,nggawa kentang rong dlebug kari sa'dlebug,sing sa'dlebuge ilang maring endi  mbarah jare rika?...lah sampeyan nuduh aku apa?nyong kye lurah ora mungkin-mungkina nyolong dagangane rika!!!..wis sugih nyong,pati-pati dadi lurah nengsih marga nyong sugih...Sing lagi nuduh rika sapa kye nyong karo kanca-kanca dagang njaluk tanggung jawabe rika?...nyong ora metengi rika koh kongkon tanggung jawab,priben donge rika,njaluk tanggung jawab ya mana maring sing metengi rika rah bi,daning ning nyong...Dih rika tah dadi lurah jare guoblogge ora umum,apa perlu tak umumna ning masjid gobloge rika ( bi tasilah gemremet nemen ngadepi lurahe ),nyong mene kye njaluk pertanggung jawaban keamanan sing rika,mbokan nyong nggal dina dijaluki duit keamanan ding hansipe rika,bisane dagangane nyong karo kanca-kanca nesih pada ilang bae,donge ana sing ngerondani belih,aja mung bisane ngerondani randa,ronda uplekane ning umahe randa bae,pasar rah sing dirondani,mbokan akeh dagangan pating gludag...dih nyong tah ya mrentah ning sing pada ronda kongkon kelilling,ora mung ning njero kampung tok,ning pasar ya dirondani ( lurahe njawab ora gelem disalahna ) ya wis ngko tak tatar kabeh sing biasa pada ronda,ngko tak kerahna kabeh pemuda sing ana ning kene kongkon ngrondani rika,tolih wis kwe mana pada bubar,pan apa sih suwe-suwe nang kene susu sing pan tuku pada lunga,kweh rinjinge digawani nyesek nyeseki tok ning kene ( lurahe sewot nemen,pan mlebu esuk karo bojone kalahn ora sida gara-gara didemo )...ya wis angger kaya kwe pak lurah nyong bongbong,tapi temenan kweh ning pasar dirondani,angger ora,dudu lawange rika maning sing tak dungkar,ambenne rika sing tak dungkar...iya iya wis mana kye nyong tak ngumpulna hansipe...( bi tasilah karo kanca-kancane akhire bubar maring petarangane dewek dewek mulai dagang maning )...

Tong tong tong tong....tong...!!!
man casmad nabuh kentongan ning ngarep umahe lurahe sore-sore,pating jembual wong karangturi pada metu sing umah...

ana apa kye tumben-tumbenne man casmad nabuh kentongan nganti mbudegi kuping ( man kirso takon maring kanca-kancane )...mbuh kye,deleng bae mbokan bae lurahe arep mbageni duit...( man sukyad njawab ).

barang wis kumpul kabeh lurahe nongol...
Assalamualaikum wargaku kabeh,aku arep nein pengumuman,langsung bae ora dawa-dawa,mulai saiki,sing pada giliran ronda angger ora mangkat tak nein hukuman,sebabe ning pasar wong dagang pada ilang dagangane,kwe mestine sing olih giliran ronda pada ora mangkat,mulai ngko bengi aku pan ngecEk ning pos ronda sing mangkat sapa bae...wis pengumumane kaya kye tok...wasalam.

ngko ndisit pak lurah nyong pan takon ( man kirso maju )...takon apa so?...angger ora mangkat hukumane apa pak lurah?...tak bakarna sandal japit terus tak cipret-cipretna ning gigirmu so!..paham kon?temenan kyeh so,aku ngerti kon sokan ora mangkat ronda,ngaku bae ora usah mukir,bener belih?!!...

( man kirso crengas crenges krungu ancamane lurahe,rumangsa dewek jarang mangkat )...iya pak lurah mengko tah ngko mangkat..( dasare apes jebulane wengi kye man kirso,man sukyad,man midi,man kanap,man rasdan sing giliran ronda )...gyeh pada mangkat kye ngko bengi yen ana sing ora mangkat tak bandhem umahe ( man kirso wis ngancam ning kanca-kancane,soale biasane ya pada ora mangkat,kur yen sore pada ning pos ronda,ngko giliran wis bengi mbuh pada ning endi jagate )...iya lah so pasti mangkat kye tah,hukumane gen ngeri koh ( kanca-kancane njawab )....

ning pos ronda
dewek kye apes giliran ronda langka wong sing nein jajan...( man kirso mulai mbuka obrolan )...kon tah pikirane badogan bae so,mbokya sing ikhlas rah wong dinein tugas tah,dewek wis dibayar ikih,sangu sega sing umah yakena,aja ngarep ngarep dinein ding uwong bae ( man kanap nyemauri )...gyeh kanap!! dokar yen jarane ora diempani apa iya bisa mlaku?pikir rah nganggo utek ( man kirso ora trima diarani mikire badogan tok )...mikir ya nggo utek loken nggo entho-entho,kon gelem dipadakna karo jaran!!! ( man kanap ora kalah nyemauri )...wis wis wis pan ronda koh malah pada reang geger badogan ( man sukyad misah wong loro kwe )...kye kayane wis tengah wengi kyeh hawane wis cemiyes,yuh pada keliling karo mbokan ana pelem tiba lumayan kena nggo isi-isi weteng ( man sukyad ngajak man kirso karo man kanap keliling )...nyong ya melu rah ( man midi karo man rasdan melu menyat )...daning kon wong loro melu,sing njaga pos ronda sapa?...lah pos ronda tah ora bakal ana sing nggotong ikih so ( man midi njawab )...ndasmu atos,karuan sapa sing arep nyolong pos ronda,ngko ari lurahe mene nengsih ndarani langka sing ronda ( man kirso sewot )...so nyong wedi yakin ari ning pos,wingi ning dukuh blendhong geger kunthilanak koh ( man midi njawab )..lah kan ana si rasdan!!!...nyong ya wedi koh so,wis yuh lah keliling bareng,angger lurahe mene trus nggranyami,ya granyami rame-rame aja wedi,wong nyatane dewek ronda ikih...
ya wis yuh mangkat wong jare kecing-kecing nemen ...apa kon bae so sing nangkene dewekan ( rasdan takon ning kirso )...najisss nyong kongkon metongsot ning kene dewekan,mending ari ana perawan sing ngancani tah...( akhire wong lima mlencing kabeh keliling ).

Bi kasnah bakul tape,
bar isya sawise nyiapna tape nggo dagang ngesuk,deweke turu,awake kayong remek,beyeke macek,lha kepriben ora remek,gena lgi natani tape ning kranjang sing lanange njaluk muang...senggar senggur bi kasnah ngorok...

Kukulurrruuuuuuukkkk...kkuukuluruuukkkkk....kkuuukuluruuukkk
bi kasnah tangi kaget krungu suara ayam...alah ya kawanan kye tah,kye nengsih wis subuh,gara-gara rika sih kye kang ( bi kasnah ngromed karo neot pupune sing lanang )...aduuuhh ana apa sih!...kyeh nyong kawanan,rika malah asiikk molor bae,kaeh disiapna kranjange nyong pan adus...durung gen esuk koh...durung esuk wadukmu,sampeyan ora krungu ayam kukuluruk,kuping apa jaletot sih...( bi kasnah maring jeding karo ucul ucul tapih )...gebyar gebyur gebyar gebyur...aduse rampung...bedakan,nggo tapih,nggo klambi warnane abang boled ana renda-rendane,kwe klambi andalane bi kasnah yen dagang karo kondangan...wis ya kang nyong mangkat,aja klalen ari wis plenthong ayame di tok-tokna,tolih kwe bocah diadusi,aja kaya wingi wis awan bocah esih polar polor...yawis mana dilaris laris ari balik aja kesoren,ora usah mejeng ndisit,mbarigen mejeng ya wis langka sing gelem...ngece nemen rika tah,kaya kye gen rika angger bengi pengine tanduk bae...enggang enggong bi kasnah nggawa dagangan,bayangna bae sing kramat anjog pasar jaman semono lewat candi karo kuburan tapi ya ora wedi demi ngempani anak-anake...

ning pasar,
gubrakkk,,,bi kasnah ngesrogna rinjingE karo dlebugE,,,,hmmm kaya kye nikmate dadi wong susah,wong tah yawene esih pada ngiler,nyong tah malah wis kemringet gigir pada lEdEs maning,penak nemen yah angger nyong dadi wong sugih tah,...ih tapi angger nyong sugih nengsih sing lanange nyong kaya ngapa temen tukmissE,lagi mlarat gen ari weruh perawan cangkeme ora bisa meneng,apa maning sugih...( bi kasnah ngomong dewek,dijawab dewek ).

daning sepi temen yah kye pasar,wis subuh durung donge kye...( barang anuk ana sing njawab ) bi rika kegasiken kye esih tengah wengi ( jaman semono durung ana jam dadi patokane kukuluruke ayam )...rika sapa sih yah ? ( bi kasnah takon yong remeng-remeng dadi ora weruh raine sing ngomong )...nyong tasilah kentang rika sapa?...nyong kasnah tape...oohh,wis turu bae ndisit daripada balik maning ning umah ya kesel...ya mbarigen awke nyong kayong ringsek nemen..( akhire wong loro turu jejeran senggar senggur )...

ora suwe barre wong loro kwe turu,man kirso karo kanca-kancane liwat.
yakin nyong tah ngelih nemen kyeh,padsa nggolet pangan bae yuh ( kirso ngomong ning kanca-kancane )...gweh ya geger badogan maning ( kanap semaur )...kon tah kayong pan ngjeke gelut bae yakin nap,suwe-suwe tak tampek cangkemmu ( kirso mendelik ning kanap )...wis wis aja reang ngko malah malinge ngerti yen lagi dirondani,wis dewek ngindik ning kene bae mbokan malinge metu ( sukyad nengahi )..akhire wong lima metongsot ning pasar...wong lima metongsot ning jejere dlebuge bi kasnah,ora sadar yen ning kono ana wong lagi turu,yong peteng dadine ora weruh,man kirso njagong sendehan ning dlebug karo tangane gramak-gramak...mbok nyegg bae,iss kye sih apa? ( tangane man kirso nyekel barang benyek )...apa sih so ( kanap semaur )...mbuh kye...coba rah diambung bacin apa wangi...wangi nap...jejelna rah ning cocotmu so enak belih...raimu tah jan nyocot nyocotna maring aku,kayong wadeh nemen apa karo aku?...( man kirso nglamod barang sing kewenyed kwe )....dih tape jebulane,lumayan kena nggo tamba ngelih,...njaluk rah so ( kanap njaluk maring kirso )...raimu sing mau moyoki bae ora kandegen njaluk...wong lima rebutan mangan tape,barang wis gari siji tembe pada sadar...gyeh gyeh kye donge tapene sapa ( sukyad ngomong )...lah tape nggletak ning kene nengsih tapene gusti allah rah kyad ( kirso semaur )..dih dih dih kye ana wong ning kene ( rasdan semaur )...waduh gawat kyeh kye angger dilaporna lurahe dewek bisa diamuk ding lurahe kye...waduh priben kye so gara-gara kon kyeh dadi kaya kye ( sukyad nyalahna kirso )...daning gara-gara nyong lah kon kabeh gen ya mbadog koh...wis ora usah kuatir nyong nduwe akal ben dewek ora konangan,kwe tape gari pira?...gari salenjer so ( kanap semaur )...jikot nap...trus pan diapakna kye tape so?...slempEdna ning barange sing duwe tape...huusssttt sembarangan bae kon so ( kanap semaur )...wis gari nurut bae kepengin ngesuk ora geger belih?...akhire wong papat kwe manut bae maring kirso...bi kasnah lagi turu dibuka tapihe...yong peteng dadi ya ora weruh kayang apa bentuke...wis rah gagiyan di slempEdna...yuh gagiyan mlayu...plencing wong lima mlayu nggejrad karo ngekek ngekek...sementara bi kasnah ora sadar tapene entek...

gradak gradak gradak sura grobak liwat,bi kasnah tangi,rupane srengEngEnE wis plenthong...

lah lah lah tapeku ilang..bi kasnah geger nangis jengker
kunyk kurang ajar sapa yah sing nyolong tapeku....ana apa bi ( bi tasilah menyat )...tape ku ilang bi tasilah heghh egh hegheghehhhhhh....bi kasnah gejog dlebuge di tendangi...dih padahal wing lurahe bar tak oncogi,yuh pada maring lurahe maning,pada ngamuk ning kana,njaluk tanggung jawab lurahe...( bi tasilah ngenyatna bi kasnah )...barang menyet pan mlaku bi kasnah nyekeli tangane bi tasilah...ngko ndisit bi,kye mbokgrenjel apa donge...apa maning bi?...kye njero tapihku....ya ndele mbarah dibuka...( wong loro umpetan njero gledeg mbuka tapihe bi kasnah )...barang tapihe di buka...bi kasnah karo bi tasilah njerittt...ya mpuuunnnn...jebulane kye sing mangani tape,,,,( bi kasnah njerit karo naboki sing mangan tape kwe )..kekekekekkekekekekekekekekekkekekekekekekkekekekekekkkkkkk.......bi tasilah gemuyu ngakak...jebulane sing mangan tape...lobang angine  bi kasnah.......


ning pasar geger,lobang angine bi kasnah mangn tape sa'dlebug man kirso karo kanca-kancane dadi slametE.
nganti saiki bi kasnah percayane tapene dipangan ding lobang angine....he he heh eh ehe he


( Sumenep - 16 - 05 - 2011 )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar