Selasa, 17 Mei 2011

Cerita Rahatan 6 ( CangKem )

Sing arane CangKem kwe jare wong jawa singkatan ( di canCang karo di bungKem ),dadi duwe cangkem kwe kudune ya sing ati-ati angger ngomong,soale uwong arep dihormati apa ora tergantung omongan sing metu sekang cangkemmE

Kye ana cerita perihal cangkem,Mane nyong duwe kanca akrab arane Yu Gaok ( aran samaran ),kwe wong banget rumile,ari ngomong ora nggo tatanan,bisane diarani yu Gaok,karena wonge ireng cangkemme muncis,duwe pembantu ora tau bertahan sewulan,pada ora betah,sebabe ari ngongkon ora ndeleng wayah,pernah bengi-bengi ana wong ndodog ndodog umahku,barang di buka ding mane nyong jebulane pembantune yu gaok...ana apa nok jam 11 wengi mene,ana penting apa?...( mane nyong takon maring pembantune Yu Gaok )...barang anuk koh pembantu kwe nubruk mane nyong karo nangis-nangis ...Yu majikane nyong tah ora umum nemen,nyong yawene di kongkon maring dukuh blendong ngundang tukang urut,nyong ya wedi,mending ari numpak ojek,lah kye kongkone nyong mlaku jare rika priben Yu? ( pembantu kwe takon ning mane nyong )...dih melas temen nok,tega temen sih Yu Gaok,mbok sing arane dukuh kwe peteng dedetadoh maning ,sing ngeri maning kwe ning jembatan bandung kidul,ning kono jare akeh setanne,wis kon ora usah mana ( mane nyong nglarang pembantu kwe maring dukuh blendong )...lha yu angger nyong diomahi kepriben?...wis ngesuk nyong sing ngomong ning YU Gaok,keterlaluan nemen kaeh wong...nyong ya saiki ora wani balik ning umahe  Yu Gaok rah yu...wis kon wengi kye turu ning kene ( akhire pembantu kwe turu ning umahku ,esuk- esuk mane nyong ngoncogi YU Gaok ning umahe,eh malah Yu Gaok ora rumangsa salah,anjoge pembantu kwe dipecat,jare mane nyong ngomong ning pembantu kwe...wis mending kon nggolet majikan liyane daripada ngko kon gering taunan ).

Tapi sing dadi unikke Yu Gaok,jare wong-wong tah ya ngenekna waduk,pelitE adubilah setan,tapi Yu Gaok ning keluargaku eman,nyong sering di nein orderan motret ding Yu Gaok,angger sedulure ana sing lagi nduwe gawe.
sedulure Yu Gaok kwe ayu-ayu,kur Yu Gaok tok sing belih petha katok,bojone ya eman karo uwong-uwong grapyak,tapi yen Yu Gaok kwe grapyake yen ana maksude,tangga kabeh ya wis ngerti watekkE.

suatu saat taun 2003 dina sabtu,tanggal karo wulane nyong klalen,Yu Gaok maring Umahku....Asalamualaikum,sepi temen sih kye umah pada maring endi donge wonge...dog dog dog dog...( nyong lagi turu kaget,ana sapa sih nggedor-nggedor umah jare kaya wong lagi ngambregna umah,nyong tangi terus metu sing kamar )...walaikumsalam...dih rika nong Yu,tumben ana apa?...Bocah lanang jare yawene nesih ndekok,kalah ding ayam,esuk-esuk ayam tah wis pada pating besasat nggolet pangan..( jero nemen ari ngomong Yu Gaok )...dih Yu nyong tembe teka sing jakarta,kye lagi ngeluk beyek ndisit karo ngliyep sadelat...eehhh mbokansih bar nglayab mbengi...rika nggoleti mane nyong apa Yu?...dih gena nyong mene kye tujuane ya nggoleti kon koh...lha rika sih nggoleti nyong pan apa,perawan dudu...sembarangan kon yah,nyong pan nein order maring kon kyeh ( Yu Gaok ngomong karo sewot )...motret sapa Yu,sedulure rika apa?angger sedulure rika tah ya nyong mangkat,angger kongkon motret rika tah pangapurane bae sing akeh lah he he he ( nyong sengaja ngeledk Yu Gaok )...dih ngece nemen kon yah,nyong kaya kye gen akeh sing gelem rah hep,bocah pondokan anuriyah gen angger nyong lagi ning ngarep umah sokan pada plerak plerek koh...kekekekekekekkekekekkekk,iya penasaran karo rika,kwe sih uwong apa wong medi sawah kekekkekekkeekekek...mblunat nemen kon tah yakin hep,nyong mene pan nein rejeki koh malah dipoyoki...iya wis terus sapa kye sing arep dijeprET?...anake nyong loro-lorone pan sunat hep...si wanyad karo si kinyad Yu?( aran samaran maning )...iya anake inyong sing gagahe toret toret...ireng keduweng kaya kuwe jare gagah...gweh ya kon tah jan ngece maning,mau ngece mboke,saiki ngece anake,wis lah ora sida tak nggolet tukang poto liyane bae ( Yu gaok raine ditekuk nganti kisut dumehe tak poyoki bae )...lah lah guyon rah,urip kwe kudu akeh guyonane,aja njepaprut bae kaya pincukan,iya wis kapan tolih kwe disunatine?...ngesuk hep,jam 6 teng kon kudu wis ning umah ya aja telat kweh,ngko bengi ora usah begadang 3 rol bae karo nggo walimahe sisan...rika tah angger apa-apa ndadak,gawe wong keduprukan bae,ya wis ngesuk bar adan awal nyong wis ning umahe rika kekkekekekekekkkk...ya wis nyong pamit hep.( akhire Yu Gaok pamit balik ).

sekilas Wanyad karo Kinyad,
wanyad kwe anak mbareppE Yu Gaok,si kinyad anak nomer loro jarake mung setaun,bocah loro kye jan belih umum bocah cilik,ari ngomong brecuh nemen,ora nduwe tata krama babar blas,maring uwong sing luwih tua ya ari ngundang arane bae,kata-kata mas,mba,yu,kang,man atawa bi kwe ora tau nyong krungu sing cangkemmE bocah loro kwe,bahasa terminal ya nglotok nemen,kanca-kancane bapane wong terminal kabeh sih dadi ya tiron kye bocah,angger lagi ana kancane bapane,nrembol ndlesep ngringokna wong ngobrol,tangga-tangga ya wis maklum karo kelakuane bocah loro kye,pan ngaruh aruhi mbokan di oncogi daning Yu Gaok,jare tanggaku daripada ribut karo Yu Gaok mendingan ribut karo malaikat Izroil.

Dina minggu esuk,
subuh-subuh nyong wis tangi,bengine nyong ora begadang,wedi kawanan,bisa di omahi wong sepirang pirang,
setengah nem,nyong wis ning umahe Yu Gaok...nah kaya kye rah kotong bocah tah,esuk-esuk mambune wis wangi ( Yu Gaok wis mulai nebar fatwa )...ja pira sih yu di sunatine..?...jam wolu hep...ajiiib bisane rika ari ngomong jam 6 tEng...lha ya medang-medang ndisit ning kene rah kotong,doktere gen bukane jam 8 koh...ning dokter sapa sih yu?...Dokter Yunan ning pagojengan ( Kyre Tah aran asli )...ya wis kweh disambi kopine hep,nyong tak tata tata ndisit... ya Yu aja kesuwen rah,tolih dulure rika sing ayu kongkon mene ya kena rah nggo mbatiri nyong...ya ngko si Pu'ah ( aran samaran ) tak kongkon ngancani kon.( yu gaok lunga nemuni keluargane ).

Jam setengah wolu,
wis rah yuh pada mangkat,kye wis siap kabeh ikih (yu gaok mulai khotbah maning )...Dih ya yuh koh gena kye gari ngenteni rika tok,liyane tah wis siap kabeh,rika bedakan be suwe nemen kaya wong lagi nglabur tembok...brisik kon hep...(wong singana ning kono pada cegigisan weruh nyong kudon karo Yu gaok)...brrrmmm brbbrmmm brbbrbrmmmm..mobil di starter kabeh,rombongan ana telung mobil,mangkat nggone dokter yunan ning pagojengan.nyong semobil karo Yu gaok karo anak bojone.

ning njero mobil si Wanyad takon maring nyong .
Us disunat sih lara belih?...( nyong kesuh nemen di undang Us,kasar nenem kye bocah Us kwe ari diwalik dadi SU singkatan dari ASU,kata US kwe kata panggilan mesra tapi ya ari umure sebaya ,lah kye tah bocah cilik sing ngomong maring nyong,tolih sing dadi wong tuwane ya meneng bae ora ngaruh aruhi bocah kye )...ora lara USSSS ( nyong njawab karo mendelik )...nyunati ne sih nggo gunting apa nggo lading us?...di gencetna ning lawang USSSS?...dih angger kaya kwetah nyong emong lah,ma ora sida sunat lah,jare hepi nyunatine di gencet ning lawang...( si wanyad kewedinen )...aja dirungokna omongane hepi nyad,goroh kwe,si hepi tah durung sunat dadi ora ngerti alate,hep aja meden-medeni.. ( Yu Gaok ngomongi anake,nyong ngekek yah weruh si wanyad karo kinyad kewedinen )...ya yen ora di gencetna ning lawang ya di PEprEk nganggo watu UUSSSS...kikikikikikkikkk...lah balik lah balik lah MA,nggilani nemen yakin...pokoke angger temenan jare hepi kaya kwe nyong pan ngamuk....( yu gaok mendlik ning aku,bojone tah ya nyengir nyengir tok )...bojone ngomong...hepi tah gorohan nyad,ora usah wedi,jare pan dadi jagoan kon...( akhire bocah loro kwe meneng bae,raine pucet )...

ora suwe anjog ning umahe dokter yunan.
asalamualaikum...
walaikumsalam warohmatulohiwabarakatuh ( doktere njawab nganti komplit nemen )
monggo monggo langsung mlebet mawon...

Nggih pak dokter ( nyong Yu gaok,bojone,trus anake,karo sedulure loro mlebu ning ruang praktek,keluarga sing liyane ngenteni ning ngarepe ruang praktek )

Hep kamerane disiapna ( Yugaok ngomong ning nyong )...wis sing mau,rika ora nggatekna apa,deleng rah kye wis tak cangklong ning gulu,awite sing umahe rika...

wanyad karo kinyad wis ngablag ngablag ning amben,celanane wis di plorotna,ireng keduweng nemen barange,dokter nyiapna suntikan bius karo laser sing nggo nugel barange...Namanya siapa yah? ( doktere mbuka pembicaraan )....wanyad karo kinyad pak dokter ( Yu Gaok sing njawab )...wanyad sama kinyad nanti kalo pas di suntik sambil baca sholawat yah biar ngga terasa sakit,bisa mbaca sholawat ? ( doktere takon maring wanyad karo kinyad )...bisa pak dokter allahuma sholi wa salimala sayidina muhammad kan pak ?( Kinyad njawab)...iya pinter ( doktere njawab maning )...anak saya kan sekolah madrasah pak dokter ( yu Gaok bangga nemen anake bisa maca sholawat )...

udah ya siap nih mbaca sholawat....( doktere ya melu maca sholawat,nyong siap motret )...allahuma sholi wasalim ala...( jarum suntike di cucusna ning barange kinyad )...waduuuuuhhhhhh   bangseeeeettttttt lara nemen doktere bangset lah...waduuuhhhhh ( kinyad spontan njerit njerit ngetokna bahasa asline,Yu Gaok raine abang kisinen )...nyad nyad maca sholawat ben ora lara ( Yu gaok ngomongi si kinyad )...brisik lah gaok lara nemen koh ( Kinyade njawab )....nyong,doktere,perawate karo sedulure Yu Gaok gembuyu ngekrekk...kongkon sholawat koh metune allahuma sholi waduh bangset...

barang wis rampungan gagiyan bae Yu Gaok mbayar cepet-cepet lunga sing kono,raine pating plitut nahan isin,ning njero mobil nyong nyeletuk...anake rika sholawate paseh nemen yah Yu....brisik hep tak rompes ngko cangkemmE kon...wkwkwkwkwkkwwkkwkwkwk....

bener jare pepatah buah kwe tiba ora adoh sing uwite ( kye kisah nyata,mbokan ora percaya takon dokter yunan,nean seumur urip dadi dokter tembe nemuni pasien sing kaya kwe..)


( Sumenep - 30 - 04 - 2011 )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar