Selasa, 17 Mei 2011

Cerita Rahatan 4 ( Plat G )

Kye cerita jaman ning jogja
yen ora salah taun 97,waktu kwe kakang kelasku si bakar,bagus,rojiq,iqbal,kindi,firman arca, karo liya-liyane tembe pada lulus sing SMA Muhammadiyah, terus kwe bocah kabeh pada kuliah ning jogja,nyong kayong kelangan nemen bocah-bocah kwe,wong arane bae se-Geng.

sekolah nyong hawane dadi males nemen,belih semangat,kanca regadag reguduge bubar kabeh,anjoge nyong sekolah seenake wudel,surat peringatan tah wis ping kopang kaping teka maring umah,bapane nyong ya kesuh nemen yah,maning-maning olih surat peringatan,jare bapane nyong,

"hep mbarah bapa tah kepengine kye olih surat sing sekolahanmu,kwe isine donge tah laporan prestasine kon,kon tah ora umum,awite SMP,bapa olih surat kaya kye terus,mbolos maning mbolos maning,donge kon esih niat sekolah belih sih?"....

Gyeh pa,nyong pan jujur,asline nyong kwe sekolah wis males nemen,esuk-esuk kudu tangi,adus banyu atis maning,lah rika kan ngerti,nyong ari bengi ora tau bisa turu,hawane pengine begadang bae,nyong kwe ora betah ning umah,pengin berkelana kaya pendekar-pendekar sing ning bukune kho ping hoo,kepengine cepet-cepet metu sing bumiayu,nyong kan ndisit waktu tembe lulus SMP pengine SMA ning luar kota,ding rika ora dituruti,ya dadine kaya kye ( nyong njawab kaya kye ben ora disalahna nemen ding bapane,padahal tah asline dasar nyonge males ).

Oh kaya kwe hep,lah terus saiki kon karepe priben?
nyong kepengin metu sekolane pa.
lah ora sekolah sih kon pan apa?
nyong pan kursus komputer karo bahasa inggris bae pa,angger wis bisa komputer karo bahasa inggris nyong pan maring bali,pan dadi hippies pa.
Hippies sih apa hep?
lah rika tah ora gaul nemen,hippies ya pengelana
lah ngko kon ari mangan ning endi?
ari mangan ya ning cangkem rah pa,iloken ning ento-ento
hoooh dasar bocah mblunat ditakoni bener-bener koh jawabane nylenta,ya wis ari kon memang wis ora niat sekolah mendingan metu terus kursus bae,kon kepengine kursusu ning endi,ning jatisawit apa ning endi?
dih erik nemen jatisawit,nyong kepengine kursus ning jogja pa 
lah adoh temen
karo luruh pengalaman rah pa nglatih mental ngrantau 
kon ora nyesel yen ora nduwe ijazah SMA?
lah wong rika gen ora nduwe ijasah SMA daning sugih 
bapa tah gemiyen karena saking langka biayane rah hep
wis lah pa ora usah kakehen ndongeng,rika ngolihna belih aku kursus ning jogja,angger ora olih nyong pan ngenteng-ngentengna duniane rika
olih,olih nemen hep,tapi janji aja mblekesunuh maning
siiiiiiipppp ( nyong seneng nemen pan njimprak kaya sing ning film kimos,mbokan dadi konangan maksud sing sebenere,asline kan nyong pengin ngumpul bareng karo kanca gengE nyong )

akhire nyong metu sing SMA muhammadiyah,nyong bying nusuli kanca-kanca ning jogja,gelise cerita,nyong kursus ning jalan gayam aran tempat kursuse SMILE,bisane mlebu kursus ning kono sebabe ana bocah bumiayu sing kerja ning kono arane priyadi julukane cu pe tong,asline bocah majapahit,kuliah ora lulus-lulus akhire kerja ning kono.
nyong ngekos bareng karo bocahan ning daerah kaliwaru ngarepe kantor polda jogja,wis pokoke rahat nemen ngumpul maning karo bocahan,yen bengi nglendang,balike esuk,arane gen bocah enom,wongtuane tah ning kampung ari nggoleti duwit,nganti nungsem-nungsem,paribasane sikil nggo endhas endhas nggo sikil.

suwe suwe nglendang bareng-bareng bandhot kabeh ya akhire bosen,anjoge pada dolan dewek-dewek,nggoleti tarok,kur gari nyong,bakar,rojiq sing ari maring endi-endi nesih bareng.

malem minggu,
liyane wis nggejrad kabeh,nyong bakar,rojiq,esih njubleg ning kos-kosan,

dih malem minggu jare weruhe congore hepi karo ente bae kar ( rojiq mulai ngromed )
nyong gen ya asline jeleh weruh ente jiq ( si bakar njawab )
jare ente enake maring endi hep ( rojiq takon maring aku )
ya wis yuh metu bae maring malioboro nongkrong mbokan bae ana bocah wadon kEder ( nyong ngajak metu bocah loro kuwe ) gagiyan rah pada salin raine.
Aseeemmm ngEcE nemen dikongkon salin rai emange raine aku bengwat apa? ( rojiq ora trima karo nuntun motor metu,nyong karo bakar gembuyu krungu kesuhe wong margasari )

kweh motorku digawa kon hep nyong pan mbonceng bakar bae,awake nyong lagi ora enak nemen ( motore rojiq yamaha RX Z jaman semono motor kye keren nemen )
lah gari mbonceng aku koh
lah mong sokbekere mati koh,karuan angger njalane tah ora krasa tp yen mbonceng krasa nemen

bakar nyetarter motor astrea grand-ne...gggrrruuuuuungg....wis yuh gagiyan aja pada reang susu taroke pada ngandang.
mengko ndisit kar ana sing keri,( sadurunge lunga nyong mlebu kamar,gusti mudah-mudahan ana bocah wadon keder sing gelem tak taroki,kena nggo betah-betah ning jogja,ora keri jimat kentil mungile tak gawa,minyak bulu perindune tak lepetna ning alis karo rambute inyong,karo maca rapalane "SUN MATEK AJIKU SI KENTIL MUNGIL KANG NGGULUNG ROH JANTUNG SI JABANG BAYINE BOCAH WADON SING KESENGGOL DING TANGANKU,TEKA WELAS TEKA ASIH MARANG AWAK INGSUN " ) trus nyong metu,...yuh rah gum,langsung malioboro bae.

ning dalan nyong karo bakar salip-salipan kayong wedi nemen mbokan kedisitan nemu bocah wadon kEder

gelise cerita,nyong bocah telu wis mlebu jalan malioboro,ning kono nyong alonan,macet soale,trus akeh wong pada nyebrang pating sruntul,bakar karo rojiq ning mburiku...

TIN TIN TIIINNNN..hep hep hep ( si rojiq ngundang-ngundang nyong )
ana apa jiq,( nyong nglinguk )...kaeh tarok nyalip kon
mendi jiq ?...kaeh plat nomere G yen dudu bocah bumiayu ya paling bocah tegal
( nyong celingukan ) oh ya jiq bener plate G...( nyong gagiyan nge gas motor tak tempel jejere )
mba,mba wong bumiayu yah? ( nyong tak wanik wanikna takon)
Dudu mas aku wong Slawi,daning ngerti sih nyong wong lor?
lah kweh plat nomermu ngatoni wong lor...( akhire nyong ngobrol ngalor ngidul karo njalana motor,barang tekan prapatan ngarep Bank Indonesia )...Mas pada ning alun-alun kidul bae yuh medang karo mangan jagung bakar...( kye bocah wadon durung sadar yen aku kwe rombongan bocah 3,bakar karo rojiq nututi mburiku)...ya yuh gelem nemen ( nyong njawab semangat nemen yah,dongane nyong terkobul )

klintar klinter klintar klinter cempulek ning alun-alun kidul
ning kene bae mas kwe warunge sepi melas durung ana sing nukoni .. ( nyong mbatin dih kye bocah daning atine ayu temen ngerti melas anapan,raine tah ya ayu nemen belih,ora peta nemen ya belih,yen digawa kondangan ya ora ngisin-ngisinna )

nyong mandeg karo deweke,bakar karo rojiq melu mandek...Dih lah kyeh sapa mas?...kye kancaku mba...mbokan sih dewekan ya wis ora papa tanggunge rame...( nyong wong papat njagong ning klasa terus pesen jagung bakar karo wedang )...

ngomong ngomong dewek durung kenalan kye ( nyong mulai mbuka obrolan,bocah loro melu nrembol ngomong ) iya rah mba,loken medang bareng ora ngerti arane.

arane aku yessy mas,lah masse sih sapa arane ( deweke ndelengnane aku bae,soale wis kesenggol minyak bulu perindu sih nean mulane perhatiane maring nyong bae )...nyong iwan yess ( nyong ngakune arane iwan,pan nggo aran hepi kaya aran wadon,isin yah nyong)...kuliah ning endi wan?...nyong UGM yess...fakultase apa?...filsafat yess ( nyong ngasal bae njawabe,bocah loro tah ya wis cekikak cekikik ngguyuni nyong,lah SMA gen durung rampung koh ngaku kuliah )....lah kye sih sing loro arane sapa bae?...( rojiq karo bakar ora serantah nganti njawabe bareng )...arane aku Andi yess... ( kekekekekkekekekekekekekkkk....nyong ngekek bocah loro bisa ngakune arane andi kabeh,kayong langka aran liya maning )....lah daning andi kabeh esih sedulur apa..? ( yessy ne kaget dumehe bakar karo rojik ngakune arane andi kabeh )...

Si rojiq njawab ...iya yess nyong sepupune...nyong arane andi surojiq,lah kye andi subakar....


kekkekekekekekekekkekkekekk...nyong ora kuat...nggembrot ning kono...

goroh nemen kye tah lah...iloken.... ( yessyne ora ngandel )

mulane ari pan pada goroh rembugan ndisit dadine ora kaya kye konangan,kye mesti si iwan ya arane palsu.
iya kweh aran asline hepi (sibakar gentenan melEhna aku )

ha ha ha aha...akhire pada gembuyu dadi akrabe,tapi ya si yessy ngglibede ning nyong bae,bandot loro kwe nganti kesuh nemen...arjuna dilawan...

kelakon nyong duwe pacar ning jogja,si yessy tapi ngandel nyong kuliah ning UGM...
pacaran mung 3 wulan tok,bubaran gara-gara yessy,weruh nyong boncengan karo wadon liya ning malioboro.


TAMAT

( Sumenep - 27 -04 - 2011 )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar