Selasa, 17 Mei 2011

Puisi Cengkok Bumiayuan

JUDUL : Erik men sung

dih kon tah erik men sung
bocah wadon jare kemlenyed
apa njaluk di wenyed-wenyed
apa njaluk diambung

mbokya sing anteng
kye akeh sing ndeleng
aja kaya wong gendeng
aja gawe wong gemrengseng

jamane jaman gonyel gonyelan wedi ora keduman
lanangan bera wadonan bera
sing ora keduman bonggan
percaya bae maring sing Kuasa

aja klalen usaha karo ndonga
sing temenan

( Kang faturopik Abuolan,maturnuwun sumbangan judule )

Sumenep - 22 - 04 - 2011



Judul : Golput


ora rumangsa
dadi penguasa lagune ora peta

disindir
malah nyengir
sing ning ngisor raine bonyor
sing ning nduwur turu senggar senggur

dodolan baliho
nggo ngempani anak bojo

ngumbar slogan
wargane nggo bebodoan

taun ngarep nyong belih urus
mbokan rika-rika pan adol umbrus
nyong pan ngopi karo klepas klepus
pan nyoblos gambar pupu mulus

( Sumenep - 18 - 05 - 2011 )




Njaga awak
oleh Kidung Setan Kober pada 19 April 2010 jam 11:59

Wudha mblejed,

lagi geger foto wudha mblejed,

sing salah sapa?

sing salah ya dewek,

gelem-geleme di foto kaya kwe.


ora usah wudha mblejed ya nyatane wis wudha,

nganggo pakaian tapi kaya ora nganggo pakaian,

ning bayangane wong lanang,

awake kaya ana tulisane,

" Kyeh inyong di mak mek "

" kyeh inyong di duwal duwil "


yen belih kepengin di kurang ajari,

ya kudu bisa njaga awake dewek,

ora kandegen pakaiane rapet tapi mbeteteth,

ya wong lanang ndelenge gen mumet.


nokayu,mbokayu,ibu-ibu,

contone wis pirang-pirang,

luwih apik diarani wagu,

daripada pengin katon seksi malah dadi wirang.


( Bintaro - Jakarta - 19 - 04 - 2010 )

Jaman Kuwalik
oleh Kidung Setan Kober pada 19 April 2010 jam 3:15

meneng salah,

nyocot bae salah,

enyong kudu kepriben mbarah?


rika - rika sing wis tua donge tah sing dadi panutan,

lah kye tah malah pada jogedan,

aja pada nyalahna anake yen melu edan,

ndelE ngaca maning esih ajeg menungsa apa wis dadi setan.


mlaku lurus,

di anggep nglawan arus,

ngrusak tatanan,

malah dianggep pahlawan.


kye jaman,jaman kuwalik,

wong apik di arani syirik,

wong ora petha,

diarani dewa.


Dajjal kalungan ayat,

dikira nabi nggawa syafaat.

kongkon nyirami rohani,

koh malah pada ekting ning tipi.


Gelem dakwah yen ana duwite,

ora pada melas karo ummate.


nopo niku mboten bangset arane?


( Bintaro - Jakarta - 19 - 04 - 2010 )

Merdeka!...Jere sapa?
oleh Kidung Setan Kober pada 19 April 2010 jam 2:36
Merdeka!!!
jere sapa?
wong nyatane esih sengsara,
deleng bae ning njaba,
pada tukaran rebutan dunya.

uwong-uwong otakke dikumbahi ding iklan,
serba kepengine cepet singget,
ora peduli halal haram pan di pangan,
yen ora kelakon endase pada mumet.

yu..,kang.., mbarah pada sing sadar,
mbokan urip ning dunya mung sekedepan,
mbokan wis kaplak-kaplak kudune wis nalar,
bisane kelakuane kaya kewan.

Jan ana-ana bae rika tah,
wong landa wis bubar sampeyan malah njajah,
njajah negarane dewek sing belih lumrah,
wis disumpah tapi malah ora amanah.

ora usah umpetan ning jubah karo kopiah,
ora usah kakehen khotbah,
ning endi-endi akeh musibah,
kuwe tandane raimu-raimu belih amanah.

wis lah semene bae,
diterus-terusna bati kesuh tok,
mbokan bae dadi elinge,
wis ya wassalam...nganti ora kelingan durung nganggo kathok.

he he he
he he he...

( Bintaro - Jakarta - 19 - 04 - 2010 )

Inyong seneng
oleh Kidung Setan Kober pada 18 April 2010 jam 14:33
Inyong seneng kon apa anane,
ora usah nganggo bedak kandel,
ora usah neka-neka nggo klambi strit,
biasa bae lah aja lenjeh aja lenyed.

sing tak senengi ning awakmu,
kuwe ngguyumu,
tulus ora di manis-manis lambe,
manjamu ora di gawe-gawe.

Kyeh mrene nok ayu,
tempelna ngguyumu ning ngguyuku.

he he he...

aja suwe-suwe,
mbok keweruhan tanggane,
ngko dilaporna RTne.

Mmmmuuuach...mmmuuuach..h..hhh...

( Bintaro - Jakarta - 18 - 04 - 2010 )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar