Selasa, 17 Mei 2011

Cerita Rahatan 2 ( Badahan )

Bada Syawal taun 1992

Puasa dina terakhir prengasa suwe nemen bedug maghribe,wis lagi lemes-lemes,dikongkon ngrewangi bapane ninggoni toko,yen ora gelem ngrewangi ora dinein duit nggo tuku klambi anyar,ya gelem ora gelem nyong ngrewangi,tapi nyong ngomong karo bapane..."pa nyong ngrewangi anjog jam 11 awan bae ya,nyong ngko awan pan maring purwokerto pan tuku klambi karo celana nggo badahan,..bapaku njawab ...iya hep,ngko duite tak tambahi ding bapa...nyong ya seneng wis dinein duit ding mane pan dinein maning ding bapane,waktu semono nyong umure tembe 12 taun,lagi baleg-balege,baleg sandang,baleg rambut,karo baleg tarok,wis tak angen-angen ngko ning purwokerto pan tuku apa bae.

barang teng jam 11,nyong gagiyan bae pamit ning bapa...pa nyong maring purwokerto ya kye wis jam 11,ndi sangune pa,jare rika arep nambahi...bapaku ngrogoh sak...kyeh 100 ewu bae,tolih pan maring purwokertone karo sapa?...dewekan pa...kon wani maring purwokerto dewekan?...lah kan wis gede pa,wis bujang tongklang-tongklang koh ilok ora wani dewekan....ya wis mana sing ati-ati,tolih kwe duite ndokone sing bener mbokan ilang,ning njero sempak yakena ari ndokon...dih keliwat men rika tah iloken duit di dokon ning njero sempak nengsih ari pan bayar bis ndadak rogoh-rogoh sempak,lah kondekture neng ora gelem rah...ya wis mana mangkat balike aja kebengEn...

Nyong raup terus bying nggitir maring terminal,ngenteni bis kurnia,barang bise teka nyong gagiyan cEmplak bae,bise sesek buyek penumpange,nyong ora kebagian tempat njagong,alamate ngadeg anjog purwokerto,anjog purwokerto sikile gempor,teol nemen...liren sedelat ning terminal purwokerto,nginum sprit nggo tamba mual,sebabe nyong mau ning bis pan mutah,jejere nyong bakul pindang mambune belih karu-karuan...muale ilang nyong numpak angko maring Sri Ratu,jaman gemiyen ngger ora tuku pakaian ning Sri Ratu kayane ora gaul...

ning njero sri ratu sing pertama tak golet celana jins merk LEE COPER,penjagane ayu-ayu..nyong marek penjagane takon...ada yang bisa saya bantu?...anu mba nyong pan tuku celana..oh nomere pira mas?...pira yah ( nyong bingung,soale ya nembe kwe nyong tuku celana jins biasane tah yen bada nyong gawe celana ning tukang jait )...akhire nyong takon,sing paling cilik nomer pira mba..?...sing paling cilik nomer pitu likur mas...ya wis nomer kwe sing warnane biru dongker ya mba...iya mas kye tak jukutna,kyeh mas mana dicoba ning ruang ganti...nyong mlebu ruang ganti celanane tak coba jebul kedodoran dawane luwihe ana nean 15 cm...nyong metu mba langka sing luwih cilik maning?...ora nana mas kwe sing paling cilik...ana celana cilik tapi nggo bocah SD kayane pas ning kon tah mas...iloken nyong pan nggo celanane bocah SD mba..nyong kan wis bujang rah....he he he.penjagane ngguyu,iya bujang tanggung,wis kaya kye bae mas,kye dituku ngko anjog umah dipermak ning tukang jait ben pas karo ukurane masse...oh kaya kwe mba...ya wis...( akhire nyong tuku celana LEE COPER kaos Walrus,korek Zippo )...wis rampung nyong gagiyan balik...anjog umah bar isya,nggoleti tukang jait wis langka sing nerima jaitan,nyong kecewa nemen,alamate nyong ngesuk badahan celanane kedodoran,tapi ya wis lah ora papa ngesuk ari nggo celana pan tak lingkis,...akhire nyong adus  trus takbiran nganti bengi ning masjid.

Nyong tangi gasik nemen adan awal wis tangi kayong wis ora sabar nggo klambi anyar,rencanane bar sembahyang riyaya pan silaturahmi karo sedulur bar kwe pan nemuni si jantung hati ( Dyah Ermayanti ),bocah kalierang lapangan pendawa,bocaeh ayu nemen,nyong cinta nemen lah pokoke waktu semono...bar subuh nyong adus,andukan celanane tak nggo,kaose tak nggo,sabukan,ora keri rambute nggo minyak tancho ijo,parfume merk Spalding,jam 6 mangkat ning masjid Agung...sembahyange rampung nyong gagiyan balik,anjog umah mangan kupat karo opor ayam,rampung managan njaluk ngampura karo wongtua,nembe rampung njaluk ngampura karo wongtua...barang anuk bel umahku moni ting tong ting tong...hep kaeh dibuka lawange ana tamu...nyong mbuka lawang,jebul ana wong 3 nyong ora kenal...nyong takon, ana apa mas....pangapura de aku arep tuku film ( kelis )...oh ya ngko ndisit mas nyong takon bapa kye toko buka apa ora ( gemiyen umahku merangkap studio foto )...pa ana wong pan tuku film wong 3...ya wis gari dilayani...
nyong akhire ya ngelayani...wong telu kuwe lunga ana maning sing teka ya pan tuku film..lunga teka lunga teka...akhire bapaku ngomong wis tokone buka bae hep..daripada bolak balik mbuka lawang...( nyong gregeten men gagal kye tah nyong pan ketemu pujaan hati malah kongkon mbuka toko,tolih mbokan kye bada mbokya libur sedina )...nyong ninggoni toko karo mbesengut bae...jare bapaku hep melas wong sing adoh-adoh pada tuku film,angger ora dilayani mbokan pada kecewa kwe langganan...barang madan awan tambah rame tokone....ana sing pada foto keluarga,ana sing foto karo taroke...nganti nyong,kangmasku,adiku loro esih cilik-cilik pada melu ngrewangi.

Kakange nyong ya wis pada bae nyetilE,wis wangi nasibe ya pada karo nyong ngelayani pelanggan.tapi suwe -suwe dadi betah,sing pada teka ana sing ayu-ayu,nganti nyong ora kelingan pujaan hatiku wis ngenteni ning umahe.

angger sing tuku ayu nyong karo kakangku rebutan disit-disitan ngelayani,kira-kira jam loro awan wis lagi kesel-keselE kwEh...mak jembual ana wong wadon loro mlebu wong-wong sing ana ning kono terpesona kabeh,sing siji nggo celana strit nglapet nemen,kaose warna pink mbeteteth,wonge putih awake semok,kakange aku gagiyan menyat bae langsung ngelayanine sing kwe,nyong apes kebagian sing sijine maning,wonge lemu ireng nggo androk pesta celanane strit ireng nduwure dengkul,androke transparan,lengen klambine ya transparan dadi spirre katon....
nyong takon,arep apa mba..?
(deweke njawab) MAAF MAS GUE AGAK LUPE BAHASE JAWE,?
( beeh....nyong grememet men kye wong balikan sing jakarta trus ora gelem nggo basa jawa)
mba'nya mau apa? ( nyong mbaleni takon )
GUE MAU FOTO MAS,
foto apa mba,close up, pas foto,berwarna apa hitam putih?
GUE MAU FOTO SEKUJUR TUBUH MAS...
apa mba,foto sekujur tubuh?...( nyong  ngakak seporEte,wong sing ana ning kono gembuyu kabeh,seumur urip nyong tembe krungu KOSAKATA kwe )...wonge celingak celinguk raine ditekuk kayong isin salah ngomong.
ANU MAS MAKSUD GUE,FOTO YANG KELIATAN DARI KEPALA SAMPAI KAKI...
ooo...foto sebadan mba,( nyong mesem karo mbatin,foto sekujur tubuh tah langka tapi yen babak belur sekujur tubuh tah ya ana )...
ya udah mba nih bikin daftar dulu namanya siapa ?
RINA MAS
( nyong kayong ora percaya kye wong asline arane rina ) pake nama lengkap lho mba biar nanti kalo ngambil andaikata suratnya hilang nyarinya ngga bingung...nama lengkapnya siapa mba...?
TARINAH MAS.
( ya temenan jebul aran asline TARINAH,nyong ngguyu maning yah,konangan kon asline )
alamatnya mana mba...?
PAKE ALAMAT JUGA MAS?
iya mba biar komplit,
ALAMATKU KARANG DOM-DOMAN MAS,
karang dom-doman sih daerah mana mba?
ITU LOH MAS DARI LAREN TERUS KE KIDUL
he he he...oo disitu to mba ( kayane desa kwe ning peta kota bumiayu langka gweh )
ya udah mba,nih mau dilunasin apa uang muka dulu?
BERAPA SIH MAS ?
tiga ribu mba,cuma sekali foto kan?
IYA MAS,NIH UANGNYA MAS (deweke nylonongi duit limangewuan )...OH YA MAS,KEMBALIANNYA DIKASIH GOPENAN YA....( apa maning kye GOPENAN )
gopenan apa mba?
MASNYA NGGA GAUL MASA GOPENAN GA TAU,LIMA RATUS PERAK MAS,BUAT BAYAR ANGKUDES...
( masa alllah kye wong gope'an...GOPENAN...ya nyong bingung )
nih mba kembaliannya gopenan semua,silahkan masuk kebelakang...

sekitar 10 menit...bapaku metu sing studio karo Tarinah...bapaku takon hep,hep kye wong pan foto apa?
( nyong njawab ) pan foto sekujur tubuh pa...foto sekujur tubuh? ( bapane nyong raine bingung )...berwarna apa hitam putih ( bapa takon maning )....berwarna pa....lah kye bisane kon nulise ning nota sing nggo foto hitam putih....

oalah gara-gara terpesona nyong nganti klalen salah nulis...( ya mbaleni nulis yah )....he he he


( Setan Kober - Sumenep - 08 - 04 - 2011 )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar