Selasa, 17 Mei 2011

CeRah 1 ( Cerita Rahatan )

BELAJAR BAHASA KROMO 1

kye cerita nyong lagi jaman SMA,wayah semono kwe lagi seneng-senenge tongkrongan,lha wong bumiayu kota mung gedene sa'pelok tongkrongane ya mung ning BT ( Bumiayu Theatre ) karo ning ngarep TELKOM,wis prengasane nggaya nemen yen nongkrong ning kono,ora awan ora bengi nongkronge ya ning kono.

Malam minggu,
sore-sore nyong wis dandan,nganggo celana jins strit,klambine merk Hammer sandale Neckerman,minyak rambute merk Tancho sing warnane ijo nig rambut nganti ngglabed.
barang wis bar maghrib ora sabar nyong gagiyan metu sing umah,mbiyen umahku ning pinggir masjid sebelahe pak dilah tukang cukur,nyong mlipir mbokan konangan bapane inyong sebab nyong kan sekolah libure jumat...mbok plencing nyong mlayu maring kantor TELKOM,ternyata nyong telat kanca-kancaku wis pada nongkrong ning kono,jebul kanca-kanca dilampaui ora pada sembahyang maghrib,ngeledeki bocah-bocah SMEA kerabat sing pada mlebu awan balike sore,nyong ya waktu semono nduwe demenan bocah linggapura,yen sore ya biasane nyong metongsot ning tem-teman mobil linggapura.

Lah kye si hEppy tembe teka,ente dienteni sing mau maring endi donge,kweh miki demenanmu si janah nggoleti,tak kongkon ngenteni tapi ora gelem,jare kesuwen....( dardut wadul maring inyong )...nyong sembahyang ndisit,umahku pinggir mesjid ora pantes maghrib-maghrib metongsot ning kene,...akhire bocah-bocah pating cempulek ning kono kumpul dadi siji,ana sing gitaran,ana sing ngumbrus bar olih tarok maning bocah karang sawah,ana sing pan nonton bareng karo taroke ning BT....barang wis suwe ngobrol ngalor ngidul karo udud pating klepus,suwe-suwe rokoke pada entek...Nyong pan tuku rokok ndisit lah,bareng hEpp nyong ya pan tuku ( dardut ngintil )...nyong titip rah dut,rizal nylonongi duit ning dardut....rokok apa kye ( jare dardut )...Samsu dut sebungkus.

nyong karo dardut nyebrang pan tuku rokok ning warunge kaji Sadiyah,barang wis anjog ning ngarepe,jebul ngantri,akhire duite aku tak titipna dardut,kyeh dut nyong titip sisan rokok marlboro,dardut mlebu nyong ngintil ning mburine...

Pan tuku apa cah gagah? jarene kaji Sadiyah takon ning dardut
NIKI BU KAJI BADE TUMBAS SES,
rokok apa?
MARLBORO SEBUNGKUS,SEMPURNA MILD SEBUNGKUS,SAMSUNIPUN SEBUNGKUS,
kaji sadiyah njikotna rokoke,wis kye apa maning Gah?
dardut njawab maning,EMPUN LAH BU KAJI,DADOSE SEDOYO KEPRIPUN?

bu kajine njawab lah kepripun?
LAH NGGIH SEDOYO KEPRIPUN?
priben kye nyong ora paham kye maksude kon Gah? ( karo celingukan )
si dardut nglutik enyong HEP,HEP KYEH MENE,BAHASA KROMONE SEPIRA SIH APA YAH NYONG KLALEN...wkwkwkwkwkkwkwkwkwkwkwkwkwkwkk...nyong karo kaji Sadiyah gembuyu ngeklek...dut dut bahasa kromone pira ya PINTEN rah bisane dadi PRIPUN....mulane ngger ora bisa bahasa kromo ora usah nggaya nggo bahasa kromo....

lah ngomong karo wongtua ya kudu kromo yah hep,ya maning maning diapalna ndisit rah...

akhire nyong karo dardut metu sing kono karo mesem-mesem...
barang anjog ning TELKOM tak critakna kejadian kwe ning kanca-kanca...
ya geeerrrrrrr kabeh yah.

( Setan Kober - Sumenep - 07-04-2011 )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar